Aku kok dadi ngene

2 comments
Wah dino-dinoku nggawe aku bosen, aku maleh gendeng, goblok, semrawut. Aku maleh bingung karo awakku dewe, mosok aku iso dadi koyok ngene!, opo kuwi amargo gaul opo piye opo aku sing kurang sinau lan kurang iso njogo awakku dewe.

Bener-bener aku ora mudeng, ya Allah gusti aku pingin dadi wong sing ahli dunia lan akhirat. Tapi susah banget nglakonine aku pingin ngene ono ngono, aku pingin ngono ono ngene, "Lha nggenahe piye!!!!".

Nah iki ono berita sing nggawe geger sak ndunyo, yaiku masalah karikatur nabi, wong muslim do protes tapi mung ngono tok ora ono perlawanan opo piye, bom bunuh diri opo dirudal kuwi tempat muncule, untuk lebih lengkape ono ning kene www.hizbut-tahrir.or.id .Wis pancen keterlaluan banget kuwi wong barat, semoga wae ono khilafah wae sing muncul ning tengah-tengah kaum muslimin, koyok sing tau ono pas perang salib. Kaum muslimin dielek-elekke, bar terus ono seorang khilafah sing mimpin umat muslim, akhire menang.

mbalik meneh ning aku, nak intuk aku njaluk saran seko konco-konco sing ndelok blogku iki. Aku bingung kudu piye, meh konsentrasi sekolah malah ono werno-werno masalahe, opo iki ono penyebabe karo kelasku yo, kelasku ketokke akeh masalah banget. Bocah-bocahe angel dikandani, nak dikandani malah do nesu. Ya mugo-mugo gusti Allah mbukakke dalan kanggo konco-koncoku ben iso dadi wong sing berakhlak.

yo wis ngono wae aku bingung arep nulis opo meneh
Next PostNewer Post Previous PostOlder Post Home

2 comments

  1. Aku ketularan bingung, dadine ra ngerti arep nulis komen sing koyo ngopo... ^_^v *peace*

    ReplyDelete
  2. amiiinn...mugo2 konco2ne sampeyan podo sadar yo :) Kasih terjemahan bhs Indonesianya donk. Kasian tuh yg gak tau boso jowo :D

    Oya, klo mau masang murottal (ngaji) kayak di blogku...ada script khusus. Klo punya alamt email..boleh tak kirimin.

    ReplyDelete